Kinormatan

SUGENG RAWUH ..... SELAMAT DATANG DI BLOG'E CAH PASIR

Minggu, 08 April 2012

PIDATO PERPISAHAN BAHASA JAWA


اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهْ

Ingkang kulo bekteni poro sesepuh lan pinisepuh, poro kyai, alim lan ulama.
Ingkang kinormatan, Bapak Kepala Madrasah, dewan guru, karyawan Madrasah lan poro hadirin lan hadirot rohimakumulloh.
mboten supe ugi dumateng rencang-rencang lan adik-adik sedoyo ingkang kulo tresnani.

Ngawiti pamatur meniko, monggo kita sareng-sareng muji dumateng Gusti Allah subhanahu watangala, kanti waosan alhamdulillahi robbil ngalamain, ingkang sampun paring pinten-pinten nikmat, hidayah ugi inayah dumateng kito sahinggo kita saged makempal ing panggenan punika ingkang insya Allah katah berkah lan rahmat ngrawuhi adicara perpisahan kelas nenem kanti saras, slamet mboten wonten alangan punopo.
Shalawat tuwin salam konjuk dumateng kanjeng Nabi Muhammad shollalllohu ngalaihi wasallam, kanjeng gusti seutama-utamane makhluk, presidene alam kabeh ingkang sampun mbekto kita saking jaman pepeteng, jaman jahiliyah dumugi jaman ingkang terang kados jaman puniko, amin.
Kasebat makili saking kelas nenem, nuwun gunging pangapunten sedoyo kalepatan lan kekhilafan kulo sa’rencang sedoyo bilih saking ucap, laku lan tindak tanduke kirang prayogi ing manahipun Bapak/ibu guru, sesadar-sadaripun kawuloa sa’rencang nuwun koreksi lan samudro pangaksami. Saking meniko kulo sa’rencang saged mbenahi lan ningkataken sedoyo ingkang dados kesaenan lan kepinteran kulo sa’rencang ing jaman ingkang badhe dugi.
Kawulo sa’rencang ugi ngaturaken maturnuwun ingkah katan dumateng sedoyo pihak ingkan sampung mbiyantu, ingkang arupi nasehat, materi lan sanes-sanesipun amargi kulo sa’rencang saged ngrampungaken sinau ing Madrasah mriki kanti insya Allah hasil ingkang sae.
Maturnembah nuwun ugi dumateng bapak/ibu tiyang sepah kulo sa’rencang ingkan sampung purun nglebetaken kulo sa’rencang teng mriki madrasah sahingga ilmu pengetahuan umum ugi agama saged seimbang.
Menopo kados dene pangendikane tiyang alim, ilmu saged ndadosaken tiyangipun tambah takwanipun, ugi saged nyesataken. kepipun ilmu ingkang nambahi takwanipun, yaiku ilmu ingkang bermanfaat dumateng awake piyamebek lan liyan. rupi manfaat meniko saged meningkat akhlakipun lan tindak-tanduke kanti sae, mboten damel cidera dumateng sepada-pada. menopo maleh ilmu ingkan mboten nambahing takwa utawa nyesataken meniko, ilmu ingkan kagem sarana puasing nafsu, yaiku kados dene tiyang ingkang kedanan jabatan lan bandadunya.
Mekaten atur kulo sarono makili sa’rencang kelas nenem, sepindah maleh kulo sa’rencang nuwun agungin pangapunten lan maturnuwun sedoyo jasa-jasanipun. mugi angsal piwales ingkang katah lan berlipat ganda saking Gusti Allah, jazakumulloh khoirul jaza Amin.
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهْ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar